zmedia

TOPENG SAJRONENG MEGO

TOPENG SAJRONENG MEGO
 
Ora nyuworo mergo ora kuwowo.
Ora sambat mergo ora ragat.
Samubarang Ceto welo welo urung mesti gambarake arti kang sejati.
Di geget mergo antep.
Di kremus neng ora tumus.
Di kipatne ora owal.
Diumbar tansoyo nggladrah.
Di toto rumongso gelo.
Di tuturi tansoyo dumadi.
Urung ono paribasan kang mumpuni nggo perumpamaan.
Urung ono kamus kang nemokake bebasan.
Senajan sak klimah ora biso dunungake.
Njur lelakon iki ateges aran lelakon.
Ora patut di gagas ora patut di bahas.
Sabaro yo ngger..
Di lakoni wae kanti sumeleh mandep mantep seng tumetep ing ngarsane kang moho dumadi.
Mugi mbarokai lelakonmu neng alam sak iki ugo neng alam hakiki.

3-11-21
LASKAR HATI 


Post a Comment for "TOPENG SAJRONENG MEGO"