zmedia

TOPENG PENCENG

TOPENG PENCENG

Ramene ratan koyo gedene rumongso nggayuh kekarepan.
Seng wes banter isih di salip karo seng luwih banter.
Knalpot nggemprong nggemprong mung kanggo ngudari sese'e dodo.
Kadang ugo mung nuduhake yenmu kuwowo.
Uripmu koyo neng suwargo isuk kepengen sore keturutan.
Samubarang kang ngalangi bakal mok plindes koyo tumo di cites.
Gegayuhanmu nglangkahi kasunyatan yen sliramu sak dremo ana'e menungso.
Yen wes kabeh keturutan opo to kui mergo sliramu seng hebat tanpo tanding opo kui pawehe Gusti.
Yen wes mlumpuk geng gering banjur sopo kang kuwowo biso ngemong.
Kamongko geng gering kui onone mung ngumbar howo.
Ora ono totokromo ora ono logika.
Wong liyan kudu nuruti kekarepan.
Mung awa'e dewe kudu kedadean sedoyone kekarepan.
Bebasan dogdeng ora tedas cokrone Kresno.
Ananging sliramu kudu eling yen manganmu mung sak pulu'an.
Unju'anmu mung sacingkir.
Ojo mok bacut bacutke sipat angkoro.
Adigang adigung adiguno koyo ora ono wong liyo.
Elingo ngger.
Gemontange suworo ombak Segoro.
Gemblegere bledek neng angkoso.
Ananging sejatine kabeh isine jagat iki mung muji agunge Gusti.
Kabeh kui mau biso kasunyatan mergo kersaning Gusti.
Ojo lali marang alam kang bade dugi.
Jenggirat klepat wadahono sangumu ngluwihi kuosomu.
Menowo mengko utowo sesok di timbali Gusti.

10-11-21
LASKAR HATI


Post a Comment for "TOPENG PENCENG "